Geger Ngelawan Kolonial Keraton!
Wong Banyumas kuwe kadang lucu, kadang nelangsa. Wis nganggo basa dewek saben dina—saka pasar nganti pawon—ning pas kudu ngomong neng forum resmi, mendadak dadi keturunan kraton: krama krimi, nganggo basa alus, kaya arep nglamar menantu. Padahal, sakjane ya nek ngomong ngapak: cedak, jujur, ora ribet, lan ora usah ewuh pekewuh.
Nanging, basa ngapak kok ya apes. Kayak jomblo lawas:
dipandang sebelah mata, dirasani karo kerabat jauh, lan ditinggal mantu oleh
budaya keraton. Katanya kasar, katanya rendahan. Lah ya jelas, wong ngapak kue
langsung to the point! Ora nganggo basa-basi: “Kowe turu bae, ngimpi dadi raja
ya ora bisa, Mbak!”
Coba ngger basa alus: “Punten nuwun sewu mugi kersa ngimpi, mugi-mugi angsal
kasil.”
Ngono kae malah kaya undangan syukuran.
Kenapa bisa begini? Salah satune gara-gara Kolonial Keraton.
Lho, kok kolonial? Iya! Nang jaman jebot, wong-wong keraton teka neng Banyumas,
nganggo baju kinclong, krama alus, mlaku ngglundung, banjur ngomong:
“Basa njenengan kula aturi dianggep ngoko, ngger…”
Yo jelas, wong Banyumas langsung mingkem.
Merga apa? Kita ora dijajah meriam, tapi dijajah perasaan.
Wong Banyumas dadi minder nganggo bahasane dewek. Nek ketemu
tamu saka Solo utawa Jogja, langsung ngowah logat:
“Asmanipun sinten, Pak?”
Padahal saben dina ngomonge:
“Rika jenengé sapa sih?”
Eh, tapi jangan salah. Wong Banyumas kuwi kreatif-kreatif!
Lha wong Kang Ahmad Tohari wae nulis kamus ngapak, nerjemahna novèlé dewek
nganggo ngapak. Kamus Banyumasan. Aku karo kanca-kanca uga nerbitna puisi-puisi
ngapak: Thok Melong, Blakasuta, Vivere Pericoloso, The Singer Not The Song. Nek
jenenge kaya film James Bond, isiné tetep Banyumasan!
Ora pakai geguritan, ora kraton-minded!
Sing penting saiki: ngapak kudu diangkat! Nek perlu digawe
Undang-Undang Basa Banyumasan Nomor 1 Tahun Kapan Wae:
"Barang siapa menganggap ngapak rendahan, wajib disidang pakai bahasa Banyumasan
selama 40 hari 40 malem."
Sekolah kudu ngajari basa ngapak. Kantor-kantor kudu nganggo
pengumuman model:
“Wong telat mlebu kantor luwih saka sakjam, kudu nari tayub neng parkiran.”
Karna apa? Ngapak iku warisan budaya. Bukan dosa turunan.
Akhire, nek ana wong ngomong:
“Lho kok ngapak?”
Jawab bae:
“Lha wong aku asli, ora KW, Mas!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.