Sabtu, 08 Oktober 2011

Blakasuta, kumpulan puisi Banyumasan (Angka Loro) detulis neng : IMAM BURHANUDDIN


OTONOMI

neng era otonomi
apa apa detung jlimet
karo petungan ekonomi
parkir neng dalan
jagong neng restoran
nongkrong neng wc
apa maning neng gon plesiran
dadi sumber tarikan
kuwe wis jamak lan duwe aturan
ning apa iya
mlebu penjara
tilik wong kesusahan bae
dejaluki bea
spisan mlebu
ngrogoh gocengan

Februari 2006







KANG SEJA

kang seja bangga
nyawang wong sing ganu deperjuangna
wis ora butuhna
disit nekani massane bae
nganggo motor butut
malah sering dejemput
siki ngalor ngidul
nganggo roda papat
singkaca jendela petenge
gawene ketutup

ngemutna kang seja
karo manuk peklar
ninggalna susuh
sing wis gedekna lar

kang seja bangga
nyawang wong sing ganu deperjuangna
siki wis ora butuhna
kambi ngelus elus dada
sing kur gari balung iga

April 2006

SORBANE WIS KEMLEBET

sorote srengenge
neng wuwungan si panji
urung katon keminclong
ning jago kluruk
neng pojokan kulon, kidul lan wetan
wis pada saur sauran

pak kyai ora keri
sorbane kemlebet
gugah santri lan jamaahe
kon makmum karo deweke

jago pating kluruk
mamerna swarane
siji lan sijine ngrasa apik dewek

pak kyai kemlebet sorbane
ngajek santri lan jamaahe
ngetutna neng burine
ger pengin slamet dunya akherate

April 2006



AJA PEREK PEREK

 pak kyai wis ngemutna
sing dadi ulama aja perek perek penguasa
mbok dadekna umat kepiran
langka sing amping ampingi
nalika penguasa kelalen
karo sing diseja
ning ora jarang
malah sing ngemutna
rubungan karo sing domongna
kaya batir lawas
nembe ketemu
dadi aja getting
angger akeh sing ora gugu
nyata wong cilik
urip kepiran lan rekasa
go wirid ben dina
ayat ayat gentawang dina dina
kur go kembang lambe
ora remesep tekan dada

April 2006




NENG JABA GEDONG

neng jerotah para dewan
pada eker ekeran
nganti meja pating gedubrag
usus gulu gelalur biru
belani rakyat sing kudu debantu

metu jaba
kaya tes ora ana apa apa
pada rubungan crita liya
“ana mobil dedol ora?”
ana! sedan metuan 98”
inyong ana, sedan mulus
metuan taun sing nembe teka”

crita gayeng para dewan
neng jaba gedong
kaya tes ora ana apa apa

April 2006




BLAKASUTHA

aja gela
inyong ngomong apa sing ana
banyumase blakasuta
nyawang rika
weteng melu lara
ngantor saben dina
mangan karo duwit negara
urung bae ngentas rekasa
rakyat tambah dina ora tambah bombong
malah sengsaya bingung
ngesuk polah apa
penggawean ancer nganah ngeneh
ngincer
lowongan siji satus sing antri
nyawang rika
weteng melu lara
rakyat age depikirna
aja kur ngarep arep  munggahe gaji
dina dina

2 Mei 2006




PERDA

ora pas sing neng bayang
wong pinter gawe aturan
go ngereh urip wong cilik
nyata ora kudu cekelan bathuk
ning bisa uga karo hahahihi
ora perduli dadekna
wongisor rugi
sing penting proyeke sewengi dadi

2 Mei 2006













LELEB

inyong ngerti rika wis tua
kawit ganu ora tau rekasa
malah kaya raja
apa apa sing domongna
wongisor manthuk manthuk
wedi mbok kethuthuk
ning siki beda
ora jamane
kesenggol setitik
kursi deamang amangna
ngranapi
kari ora kongang
aja depeksa
nyejahterakna wong
ora kaya kuna
polah apa
rakyat ngenengna
siki kurang upa setitik bae
deumpa umpa
sing leleb
rika delamaning purna
ninggali aja kur sing ala

3 Mei 2006





KAYA LANDA

jan jane wong inyong gelem hormat
ger sing dadi tamu
ora mencinat
teka glabad glabed
weruh pribumi kaya deleng tai
deantuki temen ngidek cengel
kaya landa
teka andon luruh banda
ora kepikir
sing kenggonan kon melu begya

4 Mei 2006












BLT

sing salah sapa
tekan siki urung ngerti jawabe
blt sing cekakane wong desa
bantuan langsung telas
akeh sing nyukuri
go nutupi kurangan buri
ning ana sing ngrasa kebeneran
nambah kewan kesenengan
sing kadang empane lewihi
ragad pangan wong sepranak
sing salah sapa
blt akeh sing keliya
dongentah esih akeh sing butuhna
tekan siki urung ngerti jawabe

5 Mei 2006








JANE ANA APA

kang rika ora cocok
karo apa sing tek omongna
patut wong perek penguasa
ora tau kedeselan golet upa
wong inyong apamaning perek
kenal bae ora
nyata urip bendina
koreh kawit esuk tekan wengi bae
urung cukup go ngebeki panci
dadi arep manthuki omonge rika
urung pasa karo sing ana
ger rika tetep ora cocok
aja desalahna inyong pada takon
jene ana apa?
genah genah
akeh wong kedeselan golet upa

5 mei 2006





PEMBOROS AGUNG

jere wong pinter
bintang filem utawa olahragawan
sing dadi bintang
nganggo duwit
serba ora lumrah
dearani pemboros agung
bintang filem
seliyane nyambut gawe ekting
apamaning ger ora pesta lan hura hura
kesilep setitik gawe berita sing ora ora
uga pahlawan olah raga
upah nendang bal
bisa sing sewulan
go nguripi pitung turunan
neng deweke ludes kur sejam
go nyalurna kesenengan
tumrap umum jelas ora ketemu akal

5 Mei 2006





KEMLITAK

abong abong dadi wong nengarep
polahe kemlitak
wongisor  salah setitik dekeplak
breganggang bregenggeng
ngalor ngidul
ngrasa paling gede dewek
ora manut
dana detutup
kursi duwur
jagong kambi jegang ngatur
ora pas karo sing decung
ana kursi mumbul
adat kaya priyayi kuna
esih ngedirna wibawa
wedi kesilep wong cilik
senejan salah kudu katon apik

6 Mei 2006





GURU NGAJI

balai umah pak tani
neng sela tumpukan pari
nembe deneni
gelaran klasa mulang ngaji
akeh santri sing wis dadi kaum gaji
malah ana sing dadi kyai
mulang agama saben wengi
wulangan tambahan ora ngarepna biji

mataun taun mulang ngaji
akeh santri sing dadi kaum gaji
malah ana sing dadi kyai
ora kepikir utawa dadi grundelane ati
kaya sing dekarepna guru bhakti
gede tur ancer olihe gaji

7 Mei 2006







PENJORANGAN

rika nyawang ati inyong
lembek kaya mendoan
ning aja salah
tungkak bisa munggah bathuk
ger ngomonge koh
wudel go ngarep tutuk
aja penjorangan
pedaha jagong jegles neng duwuran
ngomong sembarangan

8 Mei 2006












PETHOTAN USUS

kayong angel temen desawang
rakyat ngalor
rika ngidul
lohe tanah urung dadekna makmur
subur urung nekakna pengucap syukur
akeh penyana ala
sing dadi sumber bencana
bendara karo kawula
udu kang pethotan usus sing dekarepna

8 Mei 2006













AJA KEMUDU ANA

deemut lur
urip neng dunya
sedela
golet banda
ngadreng kena
ning aja ngangsa
aja kemudu ana
ora pas karo sing dekarepna
sing duwe dunya aja deumpa umpa
wajibe menungsa
mung usaha

9 Mei 2006














SEWU DALAN MARING ROMA

akehe dalan maring sing detuju
mestine bukakna mata
ora kemudu pada
ana sing nganggo abang, kuning lan ijo
aja pedaha sedulur kudu sebala
seagama kudu sewerna
ora pada
aja dadekna sengketa
sedulur betakan
seagama paten pinantenan
nyata wong sing degadang ora kemutan
andon rebutan dalan pangan
becik ngetutuna jere wong tua
esuke kedele sore tempe
urip rakyat tekan siki esih kaya kuna
sedurunge merdeka
rakyat esih bae go pancadan
ngranggeh dunya

9 Mei 2006





CEWIWI CHINA

jemrenge cewiwi cina
ngobahna pabrit pabrit
ngaburna bahan klambi
ngilangna upah kuli
meksa toke gulung klasa

katon nyata seduluran
nguatna penguripan
gelisna karep maring tujuan

10 Mei 2006













PLAT NOMER

plat nomer mobil
wong duwe niat ala ora kur siji
go ngilangna jejak
bar operasi plat nomer deganti
gawe mumet polisi
ning ger ana mobil pejabat
plat abang ganti ireng neng dalan
apa iya ngilangna jejak polisi
utawa rakyat kon aja iri

10 Mei 2006












DOLOG

ucapan kiye mestine
primpen neng jero dada
ning kemrocot tiba lambe
nunggoni wayah teka
tangga bangun tekan endi ora
inyong krungu melu gela

mikir saben dina go apa
kudune wis maju
kalah neng daerah liya
tembe menyat wingi
kawit anane reformasi

aja aja kur kumpul kumpul banda
sangu pensiun sing arep teka

10 Mei 2006








ISRAEL

uripe negara sebab kisruhe tangga
ora perduli liya
sing penting rakyat dewek aman
bantuan mili kaya pancuran
urip neng konflik
lewih nyaman
adoh tuntutan kewajiban
kucuran ngicrit
ora tua ora cilik
wong palestin deobrak abrik
alesane kaya bocah cilik
anu nyalahi disit

10 Mei 2006










KADIMA
“asu gede menang kerahe”

mbok kadima banget ora duwe perasaan
tangga degawe kangelan
wong neng umahe dewek deucik ucik
nglawan
ora gede ora cilik kabeh degitik
ora lumrahe
bandeman watu
dewales karo bedil isi peluru
man sam meneng
weruh kadima nglanggar ham
ning tangga salah setitik
ora mung degitik
tekan jero umah bae deberik berik

11 Mei 2006




JERE PAK KYAI
“pornografi”

jere pak kyai
wong mlebu agama
mesti manut karo aturan sing ana
ora mung ngakune
tingkahe ora karepe dewek
neng aturan ucul klambi
ngliwati karo sing kena
ora deolihna
apa maning wadon kudu rapet
kaya mukena
mestine ora dadi alangan
angger bener bener pengin netepi aturan

12 Mei 2006








JENDRAL MESEM

pak yon banget bungahe
kepenginan sing dempet kawit ganu
arep domong ora kodal
mbok cekelan bedal
sekalane akeh petinggi ngusulna
bebase wong tua
sing akeh jasane maring negara
kaya arep ngadepi bencana
utawa kepentingan sing ora kena detunda
kabeh bala dekumpulna
ngrempug jendral doyan mesem
ucul kang penyana ala
lan bebas sekang dosa

12 Mei 2006









INCUMBENT

bola bali blusukan desa
golet massa
wektune delamaning purna
kambi tilang tileng
mbok ana pasangan kena dedirna
kesepuhan, ulama
saben gon
ora kelalen deambah
ngarepna suwuk lan berkah
fatwa lan donga
desimpen
delaminating
go gaman jiret massa
nyata duwe restu
kesepuhan lan ulama

13 Mei 2006







GON MLAYU

ora ganu ora siki
akeh wong ora ngukur
abot entenge masalah sing depikul
dadi akeh sing ngawur
dog umah ora nutugna masalah
malah tambah susah
mlayu maring gon sing salah
ora ngilangna malah tambah
mlayua gon go pranti pasrah
maring sing dadekna masalah
aja detuju gon remeng remeng
merekna rai sureng
pengine barbarane ati adem
wis wisane bedeng

15 Mei 2006






JERE SAPA

jere sapa morak marike
sambung sanak kur siki sing ana
kawit kuna lewih ala
mung ora ana sing wani crita
tur urung ana alat go nyebarna berita
kaya siki
saben jam ana
biyung ngetokna adi ya anak
kawit ganu ana
malah bojo wadon dewarisna
anak lanang
lumrah
neng aturan ora salah

15 Mei 2006












MERAPI

mati ora lewih duwe rega
karo banda sing goli ngumpulna
ora sedina rong dina
lan neng endi papan
dong pestine
pati ora keliya

merapi meletus nurut etungan rumus
beda karo wong sing rasakna bendina
kenal hawa
endi pengetan endi bala

kabeh ngranapi
seuwen uwen nekakna rejeki
nyugihna banda maring warga
merapi nyembur nyembur
agi ngelingna
sing sering emut lan syukur
berkah merapi tanahe subur
rakyat sengkud dadekna makmur

15 Mei 2006


RWANDA

awal mulane sekang kobil karo habil
terus ambon, irak
sing sedurunge rwanda
meh sejuta nyawa ilang
ora ana guna
apamaning ger ora rebutan dunya
buktine
nyawa wis neng pucuk bedil
ora sida
saking ana iming iming duwit lan banda
pbb  jaga malah sulaya
jere ora desengaja
ahire mung satus dina
nyawa wong tutsi lan hutu
meh sejuta ilang sia sia

15 Mei 2006






ALEMAN

abong abong bekas presiden
lara go aleman
ngrasa ora salah
ora tau gelem teka neng gon sidang
ahire kena bae
rong puluh tahun kurungan
arnoldo aleman
lan nikaragua
udu mbah sugih arto
lan tanggane malesia
sing aparat hukume
babar blas ora duwe daya
genah genah ngilangna banda negara
gawe urip rakyat sengsara
bebas ora deapak apakna
sebab sing upa daya
wong wong sing ganu degedekna

16 Mei 2006





MANGKRAK

siki akeh bangunan negara
mandeg ora deterusnya
kucuran dana ngacret
pating jlungkanang
desawang mata sepet
nambah mumet wong cilik
sing lagi rekasa
dari pada bangun mangkrak
go ngenyatna urip rakyat sih ngapa
ora salah ger ana
wong dewan ngomongna
rongewu nem taun mangkrak
bangunan negara

17 Mei 2006









WAREG

apen apen dadi wong suci
wadeh weruh bala
lan wongisor korupsi
jane anu wis bangeting wareg
karo go nutupi rai
siki bae gotot ngusung
platform reformasi
kon ora dearani
bekas petilan rejim paling korup
neng duwur bumi

17 Mei 2006












LUNGSURAN

ati rada lega
deleng pejabat anyar
nrima senejan kepeksa
nganggoni mobil dinas
lungsuran pejabat lawas
cempulek
anu wedi mbok kenang perkara
kaya batir lawas sing neng penjara

18 Mei 2006














OFF THE RECORD

kiye anu off the record
dadi ora saben wong kudu ngerti
kae sing neng duwur kana
wis ora maning kenang perkara
aman, angger arep nambah jabatan
kabeh arsip wis ilang
ora ana sing bisa deajukan neng sidang

19 Mei 2006















CINTA PRODUKSI INDONESIA

sedulur
kader jumpalitan golet pangan
biasa
sing penting gawe gendeng bendina
payu
kena go mangan keluarga
ngenteni penguasa
nganggo gaweane rika
ora ana jarate ati kon kebuka
alesane cinta produksi indonesia
ora ngrasa dosa
gaweane tangga
deunggul unggulna
ora perduli wonge dewek
arep mati urip dejorna
soale gaweane tangga
luwihane kena go nyenengna keluarga
sedulur
sabar karo donga
mbok menawa
engko ganti penguasa
wong sing bener bener ngawula
rakyat age age denyatna
sekang urip rekasa

18 Mei 2006


NYANG NYANGAN

nyang nyangan neng warung
neng pasar utawa neng dalan
anu gone
lumrah
anane kudu kaya kuwe
kena gumun
angger neng gedung dinas
utawa hotel kelap kelip lintang
nyang nyangan adol perkara
kudune  jagong anteng
nengarep jaksa
bisa ora delakokna
kesalahane detutup
ora bakal kebuka
kur lirone
siap dadi bidak betaraan
sing adol perkara
kaya sapi decocok congore
kudu manut sing gawa

19 Mei 2006


ALUWUNG

batir tangga kabupaten
takon
neng kene kepriwe penguasane
nenggone
rakyat mulahi menyat
akonomi gumrigah urip
produk lokal mesti depikir paling disit

detakoni produk lokal
kaya gendeng pancasan
inyong ora kocap
ora jawab
jere menungsa sing bener
kon ngomong apik utawa meneng
wong inyong ora teyeng jawab apik
aluwung meneng

19 Mei 2006






BIG SPENDER

taun eketan
akeh seniman urip neng emperan istana
sugih dadakan
senejan sandangan lusuh
rambut awut awutan
mangan rame rame neng restoran
saben wengi turu neng hotel berbintang
kur bedane ganu jaman orla
siki era reformasi pura pura
disit seniman
siki petualang sing jagong neng senayan
kasilane gede ora dadekna syukur
karepe munggah gaji ben tahun
seneng plesiran
lunga maring luar negeri
alesane nekani pegawean
ora kelalen ajek bojo
mumpung ana kesempatan
soal laporan bisa dekarang
sing penting
troli bandara kebek beceran

20 Mei 2006

ORA KESAIT

wong cilik
gawene deucik ucik
polah apa salah
ekonomi morat marit
jerene saking akehe wong cilik
sing ora tau duwe rencana urip
ajamaning rencana
sing kesanding bae ora kesait
mestine aja kur desalahna
gagian deentasna
aja aja rika pada sing ngrusak negara
manggoni udu panggonane
teyeng mlebu sebab akeh duwite
kesuwen sinaune
pegawean langka kasile
mentingna dalan pangan
ngentas  wong cilik kangelan

22 Mei 2006





KEMLATAK

ngomong kemlatak
kaya watu tiba ngubin
nyengkig nyogok ati
gaweane ngarahna wong
maring gon sing bener
ora kur tutur
mesti uga laku teratur
kaya decontoni kanjeng rosul
agama aja kaya deke dewek
persis satpam jaga lawang
lewih galak karo sing duwe
ngomong ferdu
geni neraka deamang amangna
ora siji sing detuju kue nyata
ngarep arep duwe umat
urip kepenak
perek karo wong gede

23 Mei 2006





CING CLUNG

suwe lunga ngranto
bali pangling
kotane wis bangeting beda
cing clung
kaya udu gon laire sing ganu
mlebu warung
takon rega barang
dejawab jeban
nekani sekolahan
lu gue omongane bocah
jere wis lumrah
maring kantor
jaluk surat keterangan
pejabat rambut cepak
rai degawe galak
takon
“piye ono opo?”

23 Mei 2006





Pengantar

Ana bedane karo sing disit, neng Thok Melong sing detulis penyair ana kepenginan nyimpen pustaka lawas, neng dina siki wis ora ana bocah ngaggo go ngrameni dolanan.
Sing ora ilang ucapan nyinyir kadang wong sing maca ngrasa ora kepenak dewek. Kesane kebek sekang prasaan kesuh. Katon kesuh meh neng saben puisi aja aja malah merekna sing maca ngrasa kurang warna. Senejan kabeh mau lungane sekang apa sing ana neng kahanan siki khususe neng Banyumas kene. Sing detulis jane ora kur sekudekan Banyumas malah ora setitik ndangar maring negara manca, kaya dene neng timur tengah sing ana konflik ora mari-mari (Israel, Kadima), uga Rwanda lan Nikaragua. Ontran-ontran kemungsan neng deweke degawe ringkes dadi puisi.
Sing jelas lumayan kepenak go dewaca. Apamaning puisi logat Banyumasan  urung akeh sing gawe lan narik penyair liyane.
Jelase maning anane kumpulan kiye nandakna nganggo basa lokal bae bisa kanggo protes karo kahanan sing nyimpang, ora kaya biasane angger basa lokal (jawa?) pendelengane kudu luwes lan santun.

Slamet Riyadi 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.