Selasa, 11 Oktober 2011

THOK MELONG Antologi Puisi Banyumasan (Angka Siji)

KETEKEK UTANG 1

 

Ngutang wis pada bae
karo bocah cilik sing seneng jajan
saben warung bukak
apa sing dedeleng dejaluk
ora perduli karo sing neng jero
kembene biyunge wis cekak
bank pemrintah wis go grijagan
bank swasta lan harian go jambalan
utang senejan mumeti
lan geringi
ning dadi langenan
ora perduli tagihan
karo tamu harian
ora tau kapok babar pisan
deneng neng duwur
ngandeg milyaran
esih pada gentayangan
sing penting teyeng mangan enak
turu neng gon kepenak
ora temen katon mlarat

Mei 2005

KETEKEK UTANG 2
sertifikat umah
tek selah neng bank
kon aman tur dadi duwe modal
tuku montor pit go nganter bocah sekolah
dadi ora kangelan lan susah
bpkb tek selah neng liya bank
go tuku tivi warna
rata tur amba
kon tangga nyawang
nyata wong ana
go mangan ben dina
cukup bank harian
sing ger duwit langka
nylingker neng britan bisa


Mei 2005
APA MOL
“motor mabur gawa kayu
kari nganggur aku melu”
kepenginan sing kur dadi kepenginan
mimpi thok bae
wis ora ana gambaran
bisa sih bisa angger ana bencana
kaya neng aceh kana
ning apa mol
kadera kepengin
kaya wong neng kana
nunggu ana bencana

Mei 2005

WONG LIYA
umah kiye wis dadi neraka
sing detutna pada mlebung penjara
isine kur pada rebutan dunya
ora mikir prabotan pada bubrah
kropos arep mledos
kebukti ger bisane percaya
karo wong liya
ketungkul golet paesane swarga
awak dewek tah rekasa
wong liya sing pada mulya

Mei 2005






NENG PUNCRIT
neng puncrit
apa bae ya katon cilik
wong wong deleng
ora kur mlirik
kang ngisor ujude tah apik
ger perek nyatane
ya........aja brisik

Mei 2005







NGALAP BERKAH
wis werit
lawet maggon padon umah
taine mambrah mambrah
dadekna ora betah
wong sing neng umah
desogrok nganggo galah
orak arik susuh kon ora betah
wis werit
lawet manggon padon umah
bareng ngerti ilere duwe rega
sing kemrana
bisane ngresulah
umah segluntung
detinggal pindah
ngawulani lawet
ngarepna berkah

Mei 2005




GENDENG NENG BRUNJUNG
gendeng neng brunjung
wis ora kamot ngetung
sing gawe ngelalenna
pega rekasa
sing penting dalane upa
ora temen lunga
engkak engkik
jebrat jebret
junjung lempung
kang ngisor lemah
dadi neng duwur umah
gendeng neng brunjung
wis ora kamot ngetung
urung cukup melekna mata
wong sing pada neng duwur
Mei 2005
KESUGIHAN
sapa wonge sing ora kepengin sugih
umah magrong magrong
mobil neng jero garasi
ora mung siji
kur siki wis beda
wektu inyong cilik
pengin sugih
jerene kudu nyupang
ngingu tuyul
babi ngepet lan liyane
sing nganggo syarat
bangeting ora mupakat
wong ganu karo siki wis beda
pengin sugih
ora kudu dadi birokrat utawa pejabat
dadi wartawan baen
etungan wulanan
gonta ganti mobil wis go kebiasaan
Juni 2005

KEBANGETEN
“tung tung balung
ketiban jambe kemplung
sewiji kempes”
siji siji
wis pada neng jero deruji
sing maune gagah
siki ndepepes
“tung tung balung
ketiban jambe kemplung
sewiji kempes”
wis katon nyata
ora pedaha sing kuasa
apamaning kawula
nengarep hukum pada
“tung tung balung
ketiban jambe kemplung
sewiji kempes”
jen kebangeten
angger esih ana
kawula jaluk tulung
sing nulung mites
meres
apa sing ana ludes

Juni 2005

GIBANG
ojah kawit cilik
dekenal gonyel
kaya bal bekel
ora gelem meneng
jentrak jentrik
ger melu gobag sodoor
paling angel dekenani
dadi ora gumun
inyong deleng neng tivi
degibang wong pirang pirang
sebab senenge nglayap bengi
nylingkar nylingker
teyeng ucul kang tangane
pirang pirang polisi

Juni 200


AUTIS
jere dokter anakku autis
gawene ora tau fokus
lan hiper aktif
detidokna a nganti drememel
ora bakal degatekna
butuh wektu
lan tenaga ekstra

kepriwe rekasane rakyat
ora bisa debayangna
duwe pimpinan autis
aspirasi rakyat dejorna
demontrasi jere soal biasa
ketungkul karo sing dekarepna
rakyat bosen
kesel usul lan demontrasi
tur ana sing lewih penting
kudu delakoni
beresi penguripane
sing ora bisa dekompromi

Juni 2005


ILOKEN

 

“hure hure undangna
barat gede
tek wei banyu tape
ora entong go mengke”
siki wis ora ana bocah repek
ngucapna mantra
nekakna angin gede
bisa nibakna pangpung
kang wit sing duwur
merekna tukule jamur
menakkna bocah penekan
degeyang geyong wit
kenang angin
siki wis ora ana bocah repek
ngucapna mantra
ngundang barat gede
iloken
saking ngonggore bocah
banyune tape
entong go dewek

Juni 2005

NEO PRIYAYI


Aja pedaha pejabat
utawa duwe plat neng pundak
pengine urip ningrat
kembul kanbi rakyat
nganggep ora setarap
wedi kelangan drajat
padahal ben wulan
nyadong duwit rakyat

Juni 2005





SIJI DINA
siji dina
ketekan batir
sing dadi wong
neng nduwur
nyong takon batir liya
siang pada pada dadi wong
neng tivi sering nongol
dekenal bijak tur bersih
batir sing dadi wong neng mduwur
klakepan suwe ora njawab
sing ahire mung ngomong
“adoh mambu wangi
perek mambu tai”

Juni 2005


SELEMBAR BUKTI
“jamil kuna de bedil ora kena
dempok lunga”
desinge peluru sing bisa nekakna pati
ora ndadekna wedi
asal apa sing dekarepna ati
ora ucul kang naluri
sebab ilange isin
pada bae ucule klambi
sekang awak sekujur
merekna rai ajur

desinge peluru sing bisa nekakna pati
ora ndadekna wedi
ora uga ngarepna selembar bukti
tandane tau gelut
karo urip lan mati
mbelani negeri
“suara bedil ora ndadekna wedi
isin merekna jamil mati”

Juni 2005


APABEHE

tek sindir ora krasa
tutna ora ndadekna
ilange rekasa
apabehe
angger wis ora kena depercaya
apik lunga
balia meng desa
wong inyong dewek
bera sing bisa

Juni 2005




THOK MELONG
ko kuwe kanca
inyong bisane mung ngelingna
lemah semene ambane
mbok ya aja kur nggo nggedekna dunya
depikirna bocah akeh
sing ora mangan padon sekolahan
wong tani
sing ora tau mangan kasile tanduran
bakul bakul
sing ora cukup kur loro sikile
mestine kuwe sing kudu
dejagongna nengarep dewek
aja mung kanca batire
sing pada pada duwure pundake
apa ora dresa
urip mulya
neng nduwur  ndase rakyat sing ina

Juni 2005



PERS BEBAS
pers bebas
bebas ngepress sapa bae a
ora artis
ora pejabat
apa maning wong sebangsa laler
detakoni koh tetep meneng
deledek kon ngantem
juran ngundang bala
debela sapa sing ora
gegerna wong sedunya
britane duwe rega
nidokna sumber berita
nyata nyata wong ala
nandakna wartawan bener
ora tau duwe dosa

pers bebas
bebas ngepress sapa bae a

Juli 2005


PEDEKAN
melek bengi
neng gone  wong garang gawe
lek lekan arane
ora mung nyenengna cah nom
tur sing kenggonan dadi ngrasa aman
dolanan kartu duwitan delarang
neggon lek lekan
bebas ora mung sekalangan
ning ora kalah gayeng
mata babar pisan ora kepengin merem
ngrubung wong pedekan
salah sijine pedekan
“apa bedane koruptor karo pejabat”
mbuh kenangapa
trus bae kemutan bedane nabi karo rosul
nabi urung tentu rosul
rosul wis pasti nabi
koruptor kuwe paribasan kang kawitan
…....................
kon tambah gayeng
apen apen bae ora ngerti
karo ngomong
“inyong bacin”

Juli 2005

ANGKA TELULAS
sapa sing ngomong
angka telulas
angka apes
buktine akeh wong krasa marem
neng tengah tengahe rakyat
sing lagi mendem
sapa sing ngomong
angka telulas
angka apes
buktine dadekna pe-en-es
pada mrenges
senajan wong cilik
teyenge ngurut dada
karo ngenes

Juli 2005
GUSTI PENGERAN DETINGGAL NENG LANGGAR
serampunge sembahyang karo wiridan
singanti sikile semuten
gusti pengeran detinggal neng langgar
seenak ndelah sarung lan sajadah 
neng sampiran
metung jaba bali kaya biasa
nutur blarak neng kebone wong liya
nutur klapa mbuh wite sapa
menclas jantung gedang neng dalan
go jangan lawuh madang
gusti pengeran debutuhna
mung angger ana musibah
ana kepenginan sing dekarepna
kayonge angel lan susah
seliyane wektu sing wis genah

Juli 2005






GARANG GAWE
cukup dadekna bingung sing deundang
apa maning musim uleman
nambahi mumet perangkat
wong sedesa dadi kerabat
ora sing detindik
ora sing desunat
apamaning ngantenan
karepe garang gawe gedean
denggo nekakna sedulur lan sejawat
angger perlu pasang tata grambat
kon sing aweh restu
karo ucapan slemet dadi kepenak
kondangan ora mung dadekna mumet
wong sing olih uleman lewih limang lembar
ning bisa uga dadekna ruwet
sing garang gawe
kebukti wis wisane utange tambah gede
kondangan merekna mumet
ning kena dearep arep
kondangan setitik meding
merekna dangane utang
karo nekakna pendonga slamet
kang kene ngarep

Juli 2005

SATPOL
anakke inyong ora tau krungu
utawa deleng neng tivi
satpol ngobrak abrik toko
utawa super market
apamaning gebuki cukong
malah sering nglindungi

“pak deanakkna satpol
apa mung go ngobrak abrik
warung pinggir dalan
karo gebuki wong cilik?”

“husy!”

Juli 2005

ANGEL DEJIGNA
“dekena iwake
de bening banyune”
paribasan kiye ngalahna segalane
hukum sing kudu denggo
dadi nomor loro
bener salah udu dadi masalah
apik ora apik mesti depikir disit
paribasan udu hukum
ning dadi aturan resmi
kelakon kawit anane kaki nini
tekan kapan bae a
hukum barang mati
angel dejigna
wong kabeh duwe misi

Juli 2005
DROMENAN
“wejek nini nini wejek kaki kaki
wejek nini nini wejek kaki kaki”
biyen ger musim panen
kaki nini derep neng sawah
wong wong gawa bocah
ngeneng nengi
dedolani karo dromenan
jenate kakine  inyong
cokan gawekna
onen onen sekang dami
gagange pari karo moni
“wejek nini nani wejek kaki kaki”
angger ora moni
jerene kakine utawa ninine
wis mati
(inyong siki ger gawe ora tau moni)

Juli 2005





ORA LOMBO
paribasane wong tua
ngadegna glugu lewih rekasa
dari pada ngadegna sada
rakyat krungu lorodan si panji
sing jumlahe patang puluh lima
ora setitik sing mlebung penjara
akeh wong ngomong mung sandiwara
rakyat kawit biyen ora lombo
kur masa bodo
mikir uripe dewek bae dadekna nglokro
jan jane batir kerja sing pada pada
neng si panji
salahe ora kalah
mung menang pengalaman
karo modal guyub dadekna aman

Juli 2005






REFORMASI
go ngapiki urip bangsane
mahasiswa gerakna reformasi
ngadegna demokrasi murni
neng negeri loh jinawi
cempuleke ora dadi benere
depasrahna wong kaplak
faseh ngomong demokrasi
andon rebutan kursi
pating jegles ngusungi karepane dewek
ngelalenna kepenginane mahasiswa
sing wis ngorbanna pirang pirang nyawa
kasile reformasi siki
kur pemimpine sing gonta ganti
aturan esih pada mung ganti redaksi
tetep bae wong gede
karo wong perek pada nikmati
wong cilik terus degusur gusur
kepuntal puntal
senejan kepenginane kur urip wajar
oran man sam
ora indonesia
demokrasi tetep bae demaknani
sing gede demok mok sing cilik dekerasi

Juli 2005

TUA KESANJUNG
wong wong tua mlaku ketenggengan
neng dalan dalan gentayangan
kaya landa veteran
kesepian
anak putu repot neng pegawean
duwit numpuk neng bank
dekarepna ger pensiun
ora kaya sing ana
ora yakin karo hukum karma
sing depercaya duwit ana
kaya gula
semut ngrubung
tua desanjung sanjung

Juli 2005


ORA ANA GUNA
“pring reketek
gunung gamping dungkar”
guyube wong desa
dadekna rata
watu segunung
mesjid segluntung
banyu kali munggah duwur
guyub wis dadi barang langka
wektu wis go petungan rega
tenaga dadi pawitan utama
urip kaya kuna
wis udu jaminan
dadi wong mulya
mulya ning rekasa
ora ana guna

Juli 2005






JIGRANGAN BUDAYA
apa kiye sing jerene jigrangan budaya
kayong nembe wingi teyeng mangan
rempeyek utawa endog
karo nganggo klambi anyar
kur angger bada
sekiye apa sing neng dunya ana
neng plosok desa bera
tembe bae derancang negara liya
apa kuwe klambi
apa kuwe panganan
esuke pating cemantel neng toko
lan kesanding neng warung pangan
bener jere wong tua
dunya ora seamba godong kelor
ning seamba kotak kaca
neng saben umah ana

Juli 2005




APA WARAH
apa warah apa warah
ana upa mambrah mambrah
detidokna artine kalah
komitmen kur gari komitmen
jere politik ora ana sing abadi
palang apa
dari pada inyong sing kena
rakyat orang maning percaya
ngapurane 
rika bae sing pada mlebu penjara

2005




SADAR
untung utawa buntung
ora tek petung
dari pada bingung
duwe modal rai
karo awak syur
golet pegawean
nganggo ijasah sma
wis ora kena dedirna
kebutuhan urip dejor jorna
ora sengsaya
idep idep nyukuri
apa sing ana
penggawean nglumah
dadekna sadar
rejeki ndadrah

Baturaden, 2005




TEMBANG BOCAH
“motor mabur jaluk duwite
ora olih sogok silite”
bocah bocah cilik
mlayu gawa seneng
ngarep arep
karo sing detembangna
urung ngereti deweke
wis nanggung utange negara
lewih akeh karo rambute
sing tukul neng endase

September 2004



NGAMEN
ngamen ora kur desenengi
neng sing teyeng nganggo gitar
utawa kecrek tunggal
inyong dewek sering mider
ning ora nganggo gitar
wong ora bisa
apa maning ngedirna swara
swarane sengak
sesengak isine berita
berita agi langka
bensin kudu isi bendina
mending ngamen
ngamene inyong sejen karo liya
cukup ngedengna kertu anggota
kantor kantor tek buroni
pejabat pejabat loman
aweh ora mung serini
rumangsa tau tek belani
ngamen tut dalan
panas gampleng merekna awak ireng
olih ora sepiraha
mung cukup go mangan sedina
karo nambani sikil jarem
ngamen neng kantor kesripitan ac
ora panas tur olihe gede

Juli 2005






GANUA
duh gusti
panjenengan mboten ngalami
welas asih lan duka rama ibu
mboten nate ngalami
landepe lati kaya welad
ngiris daging amoh
kang jeneng ati
kepengin tah ngawulani
sepira pira ora desyukuri
denengna nyogok ati
dejorna larane ora mari mari

sorga neng tlapakan sikile
ganua neraka aja dadi bendo
amang amange

Juli 2005




DODOLAN WONG
jaman siki karo kuna
kur beda neng angka
kebukti dodolan wong
sing ganu ana
esih ngebeki berita
jerene dadi tkw
cempuleke dedol
go kesenengane wong gede
om om sing bosen karo bojone
jatah wong pangkat
sing aweh proyek gede

Juli 2005



ANA BENERE
kewalikane karo sing dadekna geger
wong terhormat neng pusat
“ustadz neng kampung maling”
“kampung patang puluh kyai”
kabeh duwe cekelan sing deugemi
siji lan sijine
kaya langit lan bumi
mbuh endi sing kudu depeloni
bingung mikirna wong sing mestine
mikirna umate
apik khusu' ngoreh ekonomi
senejan awan bengi

angger kaya kiye anane
ana benere
agama ketemu keri

Juli 2005


KODOK SLIRIK
sepak sembah
sing akeh delakoni
pejabat orba
siki esih ana
bukti nyata
rakyat akeh sing rekasa
pejabat mestine dadi kawula
ketemu rakyat
apa sing ora deanak anakna
endas rakyat desepak
sikil pejabat desembah

kodok slirik
esih jeprah

Juli 2005

BUKU SE RAK

buku se rak urung dadekna ati
lemes kaya bayi
dayoh esih ngorong
tangga esih ora bombong

buku sastra lan filsafat
kebek se rak
kelakuan esih kaya riak

Juli 2005




ACEH PAPUA

sedulur sebanyu sepekarangan
neng sebrang kulon
lan sebrang wetan
inyong nyawang rika pada
melu nelangsa
apa apa sing ana
urung dadekna urip merdeka
ning kepriwe maning
urip sing desawang rika pada
jan jane ora beda
kur inyong neng kene
nglalenna wektu lan ora emut dina
nguleg uleg kebutuhan
rebutan karo sing kuasa
kon aja temen katon sengsara
sebab de jor jorna bae
urip inyong pada karo rika
bisa bisa lewih akeh dana ketilep
dari pada go bangun urip merdeka

16 Agustus 2005


THOK MELONG
Antologi Puisi Banyumasan






Tulisane :
Imam Burhanuddin




Tahun 2005


Pengantar

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Sedulur inyong duwe kepengin melu ngogrek ogrek basa banyumasn sing liwat teks. Ujude coretan coretan sing dekembulna dadi siji nganggo judul kaya kae ngarep.
Go anteb anteb ati, inyong arep jaluk tulung rupane sembur wuwure rika pada.
Seurunge matur kesuwun, moga moga dadi nyata apa sing dekarepna.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Sing Nulis




4 komentar:

  1. Kerrreen...Matur Nuwun Bapak.
    Saya Khristianto UMP Purwokerto....

    BalasHapus
  2. kloyang-kloyong arep njagong
    tilik mburi beras kothong...
    ngrogoh slotho melompong
    rep golet utangan isin karo wong...

    BalasHapus

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.