Minggu, 29 Januari 2023

Ngunda Layangan : Imam Burhanuddin

mahmud udu mahmud md 
sing neng duwur kana 
mahmud kie mahmud bocah sd 
mahir dolanan layangan 
bubar sekolah 
apamaning dong preian 
betah ora ngandang ngumah 
dina dina neng plataran 
kadang neng sawah 
mahmud mahir ngunda layangan 
angin cilik angin gede 
bisa ngendalikna layangan 
terus mabur duwur 
ora mobat mabit 
apa maning jengkelit 

mahmud udu mahmud md 
sing neng duwur kana 
mahmud cilik bocah sd 
mahir ngunda layangan 
layangan mabur tenang 
ora pengaruh neng kahanan 
angin cilik angin gede
tetep mabur duwur 
ora nggentawil 
apamaning jengkelit 
nyantel neng blabar kawat 
utawa nungsep neng wangan 

 Ajibarang, Oktober 2022.