Minggu, 04 November 2012

VIVERE PARICOLOSO - KUMPULAN PUISI BANYUMASAN (Angka Telu, 2007 ) Detulis neng : Imam Burhanuddin

Made in Banyumas

angger sing jinggleng nengarep
koh ukir ukiran sekang kulit
debruki gagang
nanceb neng kedebogan
kuwe jenenge wayang
aranebe wayang
obah menenge karepe dalang
ati penonton arep seneng
arep susah
pinter pintere dalang
ngudal piwulang
sing mesti apa sing dekarepna
kudu jalan
angger wis rampungan
wayang detumpuk neng kotak
kotak detutup kena go jagongan
tanggapan wayang
sering degelar neng alun alun si panji
dadi tontonan rakyat
murah meriah
khas made in banyumas

Februari, 2007 



Biyung

sore gletak neng senthong
mroceli ros rosan urip
sing kawit esuk
manuk mrenjak ketekan dayoh
makani tukulan
sendekala
srengenge dingkluk
semendeh langit kemulan pasrah

Februari, 2007


Pepe Telu Pitu

wong ganu angger dekaniaya
pada pepe neng alun alun protes
esuk esuk katisen
enake nongkrong neng latar pepe, anget
maling ayam kewenangan
dekon pepe neng kelurahan, melasi
penjahat mbegal duwit rakyat
men kathon ora salah
degawekna pepe, jan kebangeten

Februari, 2007




Ketilem Belet

dekayangapa a nyawa
ora ana sing go padanan rega
dadi angger ana wartawan
lewih ngaboti kamera
anu kedadiyan ora biasa
sing biasa malah
prau kebek kerem
ngilangna pirang pirang nyawa
gara gara ora ana pelampung
bola bali kedadiyan ora dadi plajaran
motor mabur tiba jengkelit
mlebung segara ilang
ilang nyawa sekabehe penumpang
sedela bae ora pada kemutan
kesalahan karo kecerobohan
tetep bae mlaku lan dadi kebiasaan
ya Indonesia kaya kiye anane
pengin olih akeh duwit
ora kakehen biaya
sekalane agi kuasa
kasile puluhan desa
atusan umah ketilem belet
neng wetan kana
ya ora ana sing gelem desalahna
apa enggane nunggu nganti bada’
 
Maret, 2007



Tebar Pesona

sebengket kembang plastik
dejejelna neng sompok
corong gentawang
budegna kuping
nambah lara wong lagi mriyang
waja panci kumbul kumbul
kemambang

Maret, 2007




Ger Pengeran Kesuh

mangan duwit negara
jere wong perek langit
kaya nginum banyu segara
deleg ora wareg
tambah ngonggor
pengine samudra bae dekokop
nginum keringet
lan getih rakyat
jor jorna bae
ger pengeran kesuh
ora kur sing duwe dosa
wong ora salah apa apa bae
bisa melu kelaknat

April, 2007



Met metan
 
met metan glesek dunya
ora kur pojokan kota
korah koreh sampah
dong apes wis olih dejarah
wong wis pada leha leha
ngopi sore neng gople
esih gledeg grobag
kebek runtah kena dearah
empan iwak neng blumbang
nambah nambah upah
krungu swara gentawang neng kadoan
nongkrong sedela ngrampungna adan
delakoni ben dina
ora dadi ina
wong duwene kur tenaga

Mei. 2007



Vivere Pericoloso

ngadep urip mengarep
kayong bakal mumet
biyung sepranak mati bareng
piyama lan kemul
go lawon
sedulur lan bojo lanang
kur kaong kaong
neng kulon ana biyung
nyawang urip seneng
kayong ora bakal kelakon
deleng anak kathon melas
bocah bocah polos
pecat nyawa
anu desengaja neng wong tua
detakoni glaha glehe
ora ngrasa wis gawe dosa

Mei, 2007


Vegetarian

akeh wong pada kangelan
pengin urip sehat
detilalaih diet
ngilari iwak iwakan
duwit akeh mubah
ora kena go kesenengan
inyong kudu syukur
kawit cilik teyeng urip vegetarian
mangan iwak kur angger ana tahlilan

Februari, 2007



Rambut Putih

ora sing neng darat
ora sing neng segara
ora sing neng awang awang
kabeh nekakna swara sumbar
sedela dela nyawa nglayang
rambut putih
putih jeplak
kaya motor mabur nembe bae decet
ngilangna cap
pintere kur ngecap
“kabeh mau kesalahane wong ngisor
sing mesti kudu depecat”

Maret, 2007



Sapi Lanang

sapi wingi wadon kelemon
teyenge gerem gayem
susune entong neng anak anake
kelebu sapi lanang kae
umure ora suwe
neng pesta deweke melu go korban
desindik sindik degawe sate
sapi lanang
kemrokos mangane
ngenthong enthongna rambanan
ora batir ora lawan
kabeh depereki kon aman
ora ana sing wani nglawan
sradag srudug nganah ngeneh
ora gunung ora laut
bumi bae degejug gejug
banyu belet luber mleber mleber
mubah ora kena degunakna
malah ngubur umah pekarangane
wong sing ora salah apa apa
sapi lanang gede duwur
teyenge mung nyuda apa apa sing wis ana

Maret, 2007




Kota Budaya

Jogja jogja
apa istimewane ko siki
angkutan kudune go rumpon
umah iwak segara kidul
esih depamer pamerna
dadi bagiane pariwisata
apa ora isin
akeh turis mider mider
bise ruag
ora enak derasa wong sing numpak
neng hawa wis krasa panas
ana wong takon bae ora dedeleng acan
apamaning jawab
jogja kota budaya
anane kur raga
ora duwe jiwa

Jogja, Maret 2007


Lap Top

kang tukul
urip gemebyar
neng tumpukan duwit lan drajat
depamer pamerna neng tv
ora setitik wong pada iri
pengin duweni
ora kejaba lap tope ko kuwe
nganti wong wong terhormat
isin kalah drajat
senejan detilalahi
nglarani atine rakyat

Maret, 2007


Lara 

lara ora selawase dedohi wong
anakalane lara dearep arep teka
neng wong sing lagi kenang perkara
go ngende ende wektu
ora gagian dejeblosna penjara
ngatur siasat
menawane ana celah
syukur bisa ngurangi tuduhan jaksa
ngemutna bala
sing pada melu ngrasakna
melu mbela
lan bisa bebas metu kang penjara
senejan sedela
cukup go kumpul kumpul keluarga
lan kanca
lara uga ampuh
go minggat wong sing neng penjara
lunga maring luar negri
bebas ora deapak apakna

Maret, 2007



Malaikat Penjaga

inyong
malaikat penjaga
neng bis wengi
ngadeg neng buri
ora uman kursi
ngadep wadon lanang
adam hawa
tangan karo tangan
kenceng cekelan
wedi mbok bedal
ngronce urip sing arep teka
karo kembang mawar
uga apel abang
inyong malaikat penjaga
turu ngadeg
weruh adam hawa
pating mbesisat neng dunya

Maret, 2007



Transparansi

bangsane inyong
siki kaya iwak neng jero banyu
polah tingkahe kathon kabeh
kebenerane wong gawe apik desimpen
maras dearani pamer
detenteng tenteng
wedi pengeran jewer
akhire kur kathon alane
dejemreng deewer ewer
neng infotaimen lan Koran kuning
dadekna wong pada gumun
karo mbregidig
investor pada bali menthurit

April 2007



Clif Muntu

deleng kahanan urip
muntar muntir ora aturan
bapa biyunge clif muntu
duwe penenmu
nyekolahna neng gon sing genah
metu tamat dadi camat
utawa birokrat
senejan jere gratis
ora biaya seperak perakka
nyata metu dana
seakehe go nglebokna bocah
maring universitas swasta
keyakinan bali dadi priyayi
ben wulan olih gaji
dadi kebanggaan
ora setitik tangga teparo kesirian
pengin wujudna kepenginan wong tua
clif muntu bali
ora dadi camat utawa birokrat
malah dadi mayat

April 2007



Salam Pisau Cukur

anu lagi keweden
bayangan kalah
utawa karepan menang ilang
polah sewenang wenang
kaya wong komunis ganu
sapa sapa sing kirane ganggu
ora kur depateni
go suwe suwe ngrasakna larane
lan rasa mareme ati neng dada
deiris iris
desiksa siksa
polah keweden
lan nefsu kang ora kejaga
merekna sapa bae a
ucul kendali
lan peteng mata

Mei, 2007



Keblebek Pengalem

ora kurang kurang
conto neng dunya
wong sing kebalang
jengkang kang kursi
sing karepe selawase degadang gadang
kliyap kliyep ayem
rumangsane laporane wong kabeh bener
spira kuasane napoleon, hitler
utawa sing nembe wingi bae lengser
orde baru
langka sing wani ngritik
apamaning ngedunna
ngucik setitik
akeh wong ilang deculik
langka wong sing nyana
orde baru
jlungkanang sebab anu gawene
kur ngrungokna pengalem
kiwa tengene wong
sing ora liya pengin laporane
detanggapi karo seneng
nyata neng ngisor
wong urip pating glempeyeng
ora salah yen ana sing percaya
omong alane lawan
lan krititk dadi gon ngaca
ora malah ngrasa arep dadekna bencana

Juni 2007



Nunggu 

telepon nembe bae detutup
janji ketemuan wis desepakati
detik gleha glehe mlaku biasa
nunnggu sepuluh menit kaya anu sedina
lawang umah sedela dela detutup
sedela dela deplang
krungu suara motor mandeg
jantung deg degan
ning udu
ati mededeg

Juni, 2007



Srintil neng Tanda Kutip

“…srinthil niku sanes mung gadhehane
tiyang sepahe, sanak sedhereke……..
Srintil niku gadhehane tiyang kathah”
(Ronggeng Dukuh Paruk)
“srinthil”
nembe bae klas loro smu
ning wis pada karo neng novel
wis udu kur duweke bapak biyunge
kanca kanca sekolahe lan bapa ibu gurune
“srinthil” siki uga wis dadi duweke wong
wong sing sering telepon
janji ketemuan ora mung siji nggon

11 Juni 2007



Lagi Kuasa

anu lagi kuasa
ora kurang polah
apa sing dekarepna
ora ana sing wani ngelakna
apabae bisa dadi dalan
nekakna maring tujuan
munggah jabatan rombongan
dekarepna wong pada eling
karo sing tanda tangan
deslametna sekang kunjara
nglangsur nglangsur ngapura
karo apa sing dekarepna
mati urip arep debela
ora kur siki
kawit mengkuna sing aran pilihan
nomor sijikna perasaan
nomorlorokna timbangan pikiran
ora perduli
bener salah
sing penting dadi
jagong neng kursi

Juli, 2007



Dina Delamaning Bada’

dina delamaning bada’
pasar sesek kawit esuk mula
wong pasar gumun
uput uput akeh priyayi teka
klambi sragam ora ketara
kebuntel jaket sing sletinge setengah kebuka
dina delamaning bada’
kahanan pasar wis pirang dina
ora kaya biasa
mambu wong bera deganti bacin daging
nyesekna dada
neng brita rame sapi mati degrojog banyu
deglonggong go nambah kilon
sapa sapa adol daging glonggongan
pada bae adol batang
jere guru agama hukume haram
wong sing kewenangan bisa mlebu kurungan
dina delamaning bada’
ora let suwe priyayi sragam bali gipyak
katon lega
bakul bakul pasar jepit irung
nalika priyayi kota liwat nengarep mata
bakul bakul daging klesam klesem ngrasa aman
senejan duwit ilang juta juta ning daging wutuh
ora dadi rengga
dari pada mlebung penjara teyenge kur nglogog
ora bisa usaha
juta juta ilang bisa degolet sedina rong dina

November, 2007



Kedung 

ati sing banyu kedung
gon wong pranti ngresulah
nyawuk banyu ngilangna susah
wis gemropyak
sat
go pranti adus bocah
pating kecipak
ilang angkere
ilang iwake

Juli, 2007



Aja sel selan

aja sel selan
jagong sing anteng
apa urung cukup
sing kesanding ben wulan
eling kang
esih akeh wong keleleran
detilalaih ngoreh kotoran
go nguripi wong sepranak
sing kadang wethenge dewek kepiran

November , 2007



Jogja 

kota jogja
kebek wong sing seneng urip neng awang
awang
panas gampleng gawe kuwung
dadi kebiasaan
ngudal udal slorok meja lan rak kantor
tikus tikus senejan jimprak ning ora wedi
senenge mlayu kambi ngiwi iwi

ngalih neng mburi lemari buku
buku kumpulan pasal
gesruk ngrasa aman
yakin kabeh wing nganggo aturan

Maret, 2007




Imam Burhanuddin, Banyumas, 24 Januari 1966
Ustad Madrasah Diniyah Alma’arif NU Pancasan – Ajibarang – Banyumas.
“Vivere Pericoloso, 2007” kumpulan Puisi Banyumasan sing nomer telu, sewise “ Thok Melong, 2005” lan “Blakasutha, 2006”
Banyumas bagian sekang Jawa, napine basa Banyumas ora kudu kejiret kang kungkungan basa jawa.

1 komentar:

  1. (SRI AGUSTINA SHOFIAN; Lolos PNS Guru di lingkungan Kemenag Blitar)

    Berawal dari keinginan kuat untuk mengikuti test tertulis CPNS yang dilaksanakan oleh PEMDA Berau dimana saya tinggal, saya pun ikut berpartisipasi mengkutinya. Namun sebenarnya bukan sekedar hanya berpartisipasi tapi terlebih saya memang berkeinginan untuk menjadi seorang PNS. Waktu pun terus berjalan, karena tertanggal 5 Desember 2013 yang lalu saya pun mengikuti Test CPNS yang diselenggarakan oleh PEMDA Berau dengan harapan yang maksimal yaitu menjadi seorang PNS. Kini tanggal 18 Desember 2013, pengumuman test kelulusan tertulis itu diumumkan. Dengan sedikit rasa was-was dan bercampur tidak karuan menyelimuti pikiranku. Rasa pesimisku memang timbul, karena pengumuman yang di informasikan adalah tertanggal 11 Desember 2013 namun di undur tanggal 18 Desember 2013. Dengan mengucapkan BISMILLAH, aku pun masuk ke halaman kantor BKD untuk melihat hasil pengumuman test tertulis CPNS. Dan Syukur Alhamdulillah saya pun LULUS diurutan ke 3 dari 1 formasi yang aku ikuti di Kabupaten Berau Kalimantan Timur. Dan berikut peringkat screen shoot yang saya jepret menggunakan Ponsel kesayangku.

    Puji Syukur tak henti-hentinya aku panjatkan ke Hadirat Allah SWT, atas rezeki yang diberikan kepadaku. Semua hasil ini saya ucapkan terimakasih kepada :

    1. ALLAH SWT; karena KepadaNya kita mengemis dan memohon.

    2. Suami dan Anak [DikMa]; Dukungan Do’anya sangat berharga dalam pencapaian saat ini.

    3. Orang Tua, Saudara-saudaraku; Tetap mensupport aku selama 3 bulan terakhir ini, terimakasih Mama, terima kasih Kakak Perempuan ku, terima kasih Kakak Laki-laki ku tak terlepas juga buat teman-temanku terimakasih semuanya.

    4. Terimakasih untuk khususnya Bpk DR.H.EDY WAHYONO SUWARNO PUTRO.SH.M.S.I. beliau selaku petinggi BKN PUSAT,dan dialah membantu kelulusan saya selama ini,alhamdulillah SK saya tahun ini bisa keluar.anda ingin LULUS seperti saya silahkan anda hubungi nomor bpk DR.H.EDY WAHYONO SUWARNO PUTRO.SH.M.S.I.0813-2612-2555

    BalasHapus

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.