Selasa, 30 Oktober 2012

SMP ALHIDAYAH AJIBARANG






SMP MA'ARIF NU 1 AJIBARANG rong taun kengarep, Insyallah.


Kanca-batir sebanyu sepekarangan (waca: setanah air) sing ganu tau seneng-susah bareng neng smp alhidayah ajibarang ayuh jajal detiliki. Liwat dunya nyata utawa dunya maya. Dekayangapa neng ati inyong rika pada mesti ana setitik utawa akeh prilaku awak dewek utawa kanca batir sing ger kemutan merekna rai esam-esem dewekan. Uga tingkah laku bregajulane kanca batir senejan nyengiti ning ger deemut-emut dadi nyegerna ati lan raga.

Siki sing ganune jenenge smp alhidayah wis derubah dadi smp ma’arif nu 1 ajibarang, siki ora kaya ganu agi taun 80-an sing kelase kur 1 utawa kur loro saben-saben kelase.
Neng  taun 2012 smp alhidayah depimpin neng pak tarwan, s.pd. ora setitik mestine sing kemutan sapa kuwe pak tarwan, sing wis suwe ngabdi neng mts lan smp alhidayah ajibarang.

Neng taun ajaran sing nembe teka smp alhidayah nrima siswa kelas VII pitung kelas utawa telungatus lewih bocah tamatan sekolah dasar/madrasah ibtidaiyah sing ndaftar . Rong taun kepungkur kur lima kelas. Dadi kelas VII pitung kelas lan kelas VIII lan IX limang kelasan.

Jan sing maen maning kabare, sewise tuku tanah seket ubin mburi sekolah tahun 2011, siki agi duwe rencana arep mbangun gedung sing nengarep, lotengan. Ning berhubung rung mampu mbangun sekaligus nuli pengurus ngerencana mbangun rong tahapan. Ngumpulna dana disit selawase rong taun.
Gedung tingkat loro mau pengurus nganggar  kurang lewihe Rp 600 juta.  Kie anggaran wis degawe ngirit. Ning ora berarti ora sesuai standar. Ger degawe anggaran sing kemrana bisa nganti 1,7 M.

Sedulur sekanca batir, sebanyu sepekarangan ayuh pada melu dedongakna moga-moga pengurus sing lagi deamanahi dewei  dalan sing gampang lahir-bathine, uga danane. Amin, ya robbal’alamin. (abah-arul.blogspot.com).

*mbok ana sing pada kepengin weruh SMP sing siki, deleng bae neng foto : google+ imam burhanudin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.