Selasa, 11 Oktober 2011

The Singer Not The Song

 AJA  DEGUYU

aja deguyu
polah kaya bocah cilik
jas jasan ngomong neng gedung
pating graok neng sompok
gentawang tekan awang awang
aja deguyu
kue anu kebiasaan sing ganu
neng terminal
genthoakan
parat porot nganti celana mlorot
karepan ora kelakon sewot
aja deguyu
agi mangsan demokrasi
apamaning wong sing nganggo udeng udeng
sing maune bocah dolan
utawa demontran
pating mentingkles jagong neng dewan
aja deguyu
tukang adol kecap
disitna lugu
nglalenna karepane rakyat

Februari 2008


KUR WENGI

kur wengi sing gawene gelem
gelar tilam
go lumahna kesel karo susah

5 Jini 2008


















KECELE

wong kadang silau
deleng wujud wadag wit mringin
gede katon saguh
nyata kur kena go ngiub
wektu ngaso
kecele karo wit jati
keterangen garing nglingking
ora mitayani
nyata wis mati bae
kena go degawe saka umah
go ngiub urip selawas lawas

5 Jnui 2008










KHIDIR 1

inyong, khidir
sing ngrusak prauku dewek
ning klalen carane golo dandani
iloken musa gelem ngrewangi
daandani prau
kon bisa mlaku
nyigar segara urip

5 Juni 2008














KHIDIR 2

ora dening mang mang
musa ngrewangi khidir
dandani prau
go mlaku
nyigar samudra
ning tekene ucul
kang tangane musa

5 Juni 2008















SAAT LAN KOSONG

kerana saat
kerana kosong
dadekna inyong ko ana
ngebeki wektu
kon urip duwe rega

5 Juni 2008
















SEPARO WEKTU

separo wektu
ilang ora ngilangna belang
mlipir mlipir
anatarane mati lan urip
kala kala daging wis kesanding
ilang decolong kucing
separo urip
ora setitik wong golet
kudu karo jumpalit
ning anakalane dunya banduara
teka kur karo mlirik

5 Juni 2008











TAFAKUR

neng wetenge wengi
gemlutuk dada inyong
maca bet bet syair jenengan gusti
ilangna sepi
ilangna atis
murubna ati
angetna hawa
ngungkuli geni

6 Juni 2088












ASMA MU

pikiran ati lan cangkem
tek peksa peksa rapal
asma asma panjenengan gusti
wengi wis turu lali
nyenyet kemulan sepi
urung bae
pikiran ati lan cangkem
kocap werna siji

6 Juni 2008













SUARA LANGIT

swara langit gemrungsung
ngebeki bumi
teka kang mimbar mimbar mesjid
kang selokan pasar
saben wong suka ora liwat
ger ora mencet cungur
swara langit
swara wingit
dadi mambu sangit
ger wong nganggo jubah
ya gantar ya arit
ora eling deobat abit
belani swara langit
lawan degebugi karo sengit

6 Juni 2008







WAHYU KATRESNAN

pengeran nibakna wahyu ketresnan
glondongan neng laukhmakhfud
neng bumi wong perek langit
beber
depretel pretel
karo tauhid dadi narsis
karo fikih dadi formalis
karo ahlak dadi sosialis
umat teyenge mringis

6 Juni 2008












PENYAIR

kang penyair
priwe deneng ora nulis puisi maning
“inyong agi ora duwe gendakan”
jawab penyair ora ngrasa dosa

6 Juni 2008















INYONG KARO KO

neng wengi
inyong karo ko
uleg uleg urip
orak arik kasur bumi
nyakar nyakar langit

neng wengi
inyong neng kene
ko neng kana
puletan
muleti bumi
nyakari langit
uncal uncal wulan

7 Juni 2006











SEWISE KALAH

inyong ko ronce wengi
tamba dedet wulan ngumpet
sewise kalah
ora bisa nahan jejege saka
umah bubrah
pating mencingkar ora genah

inyong ko ronce wengi
tambah dedet wulan ngumpet
delik neng longan langit
krasak krisik metani sing wis
karo gambar go menko ngarep

7 Juni 2008












SUKET ALANG ALANG

inyong mung bisa  rengeng rengeng
sekang kadoan
ko dewekan neng langit
inyong dewekan neng bumi
suket alang alang mubeng
ngubengi inyong
sing agi nglumbruk
ora kalah duwur
karo tangane inyong
sing agi nyuwun

7 Juni 2008














WONDER WOMEN

inyong bisane kur pyak pyek
karo gadag gedeg endas
deleng sedina dinane
kaya ora ana matine
balik sawang
arjuna kuwe perkasa
nyata ko langka sing nyana
awan degrayang grayang
mapag wengi
wengi dekuyung kuyung
tekan esuk muput

7 Juni 2008













THE SINGER NOT THE SONG

neng tembang
ebiet nyukil hadis
aja deleng sing ngomong
deleng apa sing domong
nyata ora pada karo kahanan
khususe neng kene
neng negara sing agi mang mang
karo keyakinane dewek

ala becik ora penting
sing penting
sapa sing ngomong

8 Juni 2008












BUKU CILIK ABANG MAO

delah sikile ko setindak
nengarep sikile wong liya
semending cut semending

8 Juni 2008





















PRAU PECAH                    

1
sekang awal bae wis ngambang
segalane degawe gampang
tresna deanggep nutur pang gigal

2
titi mangsane
kur tangga teparo sing deundang
rewangi donga slametan

3
wit jagung urung bae putren
mentiur alum
gagange sempal

4
anu genah banyu karo lenga
depeksa delebokna gebyas
katon meneng ning ora tentrem

14 Juni 2008





UDAN AWAN AWAN

udan nyogok kulit
awak inyong sing tatu
perih tek gawa lunga
slekat slekit ora gelem ilang
senejan ati ora maning kebek impen
tresna ora betah anggrem neng jero raga

14 Juni 2008


















DEMEN ORA BISA DESIMPEN

neng cangkem pengine ucul
neng ati nyata kejiret kenceng
mlaku banter
kang kadoan
mung katon mengser

27 Juni 2008



















SUKMA  YA NGOMONG ORA

kabeh wong ngerti
cirine wengi
apa sing maune katon
dadi kur ireng
peteng

uga awan
maune peteng
dadi padang
maune ora katon
dadi ceta wela wela
senejan andeng andeng
neng githok cilik tur ireng

17 Juni 2008











GUNUNG UCUL KANG BARISAN

ngos ngosan
gempleyeng
endas nungsem
neng gunung kembar
ucul kang barisan

22 Juni 2208



















SKENARIO

bocah cilik
lanang wadon
telpon telponan
karo hp limangewuan
detukokna biyung neng pasar

“hallo pak, kiye kepriwe
inyong arep deciduk
ora suwe swise batire rika kae”
“sangkutan apa sih?”
“anu inyong awe duwit 6 M”
“wis gampang, engko tek atur bae”
“carane”
“apen apene ko tek tangkep
masalah cilik
inyong wis pengalaman
kawit ganu jamane orde baru”

dopokan cah cilik
lanang wadon
nganggo telpon dolanan
katon seneng ora ana beban

Juni 2008


KESENGSEM

ko ora kur katon
ger agi jagong
agi ngomong
agi mangan
agi nginum
agi turu
agi adus
agi nglamun
ning uga katon
ngancane pengeran 
angger agi sujud
wektu inyong sembahyang

22 Juni 2008












INYONG UDU GOLEK

inyong udu golek
sing bisa sekepenake ko
dewudani deklambeni
nyenengna ati

inyong udu golek
sing bisa sekarepmu
deblebak blebekna banyu
karo guyu

inyong udu golek
sing kur go nyenengna
nepsune ko dewek

24 Juni 2008











NENG SIKIL LANGIT
; ziarah mbah Munthaha

akeh wong nyimpen urip kengarep
neng puncrit gunung
tlikang tlikung
manjat mudun
dadi bukti
bekti sing pungkas

nyimpen urip kengarep
neng sikil langit
duwe karep
perek karo sing gawe urip

Wonosobo, 2008












DE LER

mbuh tresna
mbuh nepsu
jelas inyong melu tuku
de ler
de jemreng
wong kloron
senejan urung ana cekelan
waton ngelangi urip
udag udagan wektu
kemrokos mathoki bamba
nikmat rasane
ning embuh mengko akibate

28 Juni 2008












WW

ko justru tek sawang
sewalike neng inyong
karo sing dedeleng wong
ala becik pengine domong
apamaning ala
kaya kaya sedina ora pol pol

urip sing deadepi
wong lanang bakal pasrah
nyata ko saka jati
keker ora ngresulah
ko wong wadon
ning udu wong tua neng padon
wong wadon lumrahe depilih
khusus ko wong wadon
mestine kudu milih

Juni 2008








REMUK AJUR
; ewang ewngan

anu wis renteng
esih depeksa deenggo
go nginumi urip
sing kawit awal wis jomplang
anu wis renteng
go wadah banyu
gelas beling beleri
ora lara ning semreset
apa maning ger kena banyu
palangapa ganti
sing anyar ana
ora a sing ora renteng
pirang pirang pilihan
anu wis renteng
kesenggol gigal pecah
remuk ajur
kepidek wong
malah dadi mala

29 Juni 2008





PANG TUGEL

kawit ko nugel
pang ketresnan
aurora seneng
minggat kang  awak
kucel katon sebel

1 Juli 2008



















LEHA LEHA

diudari disit jiretan
sing nyrimpedi mlakune ko kuwe
inyong ora pengin weruh ko rekasa
nyeret nyeret awak mbok gawe lara
anu jiretan wis kendo ikih
ko dewek teyeng nguculi
aja ngenteni deculi
aja wedi desalahna
wonga nyata ko sing deumpa umpa

deudari disit jiretane
men inyong karo ko
bisa jagong bareng
leha leha

4 Juli 2008










NUT BURI

nut buri karepmu
kudu landung ati lan sabarku
nut buri karepmu
wektu katon mlayu mlayu
nut buri karepmu
kedungsak dungsak nepsuku

5 Juli 2008


















ATI SING DECUIL CUIL

abong abong anu meksa
pengen seneng bae
kudu ngrasakna lara
saben ketemu ora jere lega
malah krasa decuil cuil
lambemu sing klimis tur manis

Juli 2008


















INYONG KUDU NGACA

inyong kudu ngaca
lan emut inyong kuwe sapa
ngranggeh lintang
adoh melah meluh neng duwur kana
- tangan buntung
  urip ora perek karo pak untung
inyong kudu ngaca
lan emut inyong kuwe sapa
ngranggeh lintang
adoh melah meluh neng duwur kana
- ora kur cukup karo keyakinan
  uga cinta
  apamaning kur ngarep arep lintang
  tiba

21 Juli 2008










HA.... HA.... HA.... HAAA

kaya kiye rasane
detinggal demenan
ati geseng ndas pengine mubeng
gulang guling mata ora gelem merem
mangan iwak rasane adem
guyu ngakak krungune ambar
dedeleng kaya wong edan
Ha...ha...haa...haaa
Ha...ha...haa...haaa
Ha...ha...haa...haaa

23 Juli 2008














SMS
(Seneng Mung Sedela)

dopokan ngalor ngidul
ijal ijol nomer telpon
smsan ngobrol
bukak lawang
ana sing mlebu
bukak bukakan ati
uga klambi
wong ati ning udu nurani
nepsu singawali
nimbang nimbang
esih apik sing wingi
bubar neng dalan
kaya bocah cilik
dolanan pasar pasaran
wis ora seneng detinggal bubar
ora deleng kahanan
ati sing detinggal

23 uli 2008






KEDUNGSAK DUNGSAK

angger ngerti ahire kaya kiye
inyong ora arep kedungsak dungsak
nampani kembang maware ko
kembang kedawan gagang
saking senenge tek gegem kenceng kenceng
ora rasakna lara
senejan eri netesna getih neng tangan

angger ngerti ahire kaya kiye
inyong ora arep kedungsak dungsak
nampani kembang maware ko
nembe siki inyong rasakna perih
murug eri gagang mawar
nunjeb nunjeb ati inyong

25 Juli 2008










DOLANAN GENI

ati inyong wis krasa
arep kaya kiye ahire
ning ora keduga
sejero kiye tatune
ko karo inyong sadar
agi dolanan geni
lan ngerti
sepira perihe keslomod geni
nyata ora kur perih
ning uga geseng ati inyong
keslomod geni sing ko tinggal lunga

26 Juli 2008













JERE WONG BIJAK

dadia wong sing kepelu rombongan
sing jumlahe semending
semending biasane kue anu sing apik
kaya wong ngudag udag dunya
akeh wong detilalahi kelara lara
anu sebab yakin kur banda
bisa dadekna urip duwe rega
wong katon bahagia
ger urip kedunungan harta
apa apa depengini ana
ning inyong pengin urip
ora pada karo sing ana
inyong pengin dadi wong
nengarepe dunya sing agi mlayu

6 Agustus 2008










DONGA KELAYU

1
Ya Allah
Aja ngasi sempilan ati inyong
marani sega wadang

2
Ya Allah
Aja ngasi sempilan ati inyong
teklek tiba kalen

3
Ya Allah
Aja ngasi sempilan ati inyong
nambal gelas pecah

14 Oktober 2008










KEYUNGYUN

remukan ati
sing ko tinggal lunga
esih mambrah mambrah
neng pojokan tatu nganga
sing nguja ko siram banyu
kebek uyah

15 Oktober 2008


















WELAD

tembang d'masiv
diantara kalian
wis kaya ambekan karo hawa
langka sing bisa misahna
kejaba pati
nyata tresna bae
ninggalna perih
seperih welad nyeset ati

16 Oktober 2008
















PANGON

baline pangon
sore ger lambe abang langit
wis dobleh
weduse wis butung
gagian dekandangna
karo ngesuk ngemben
kepriwe kon aja pada mangan
tandurane tangga
(kyai lan ulama ketungkul
ngurusi babagan liya........)

2008














ORA ANA WEKTU

mendung lan udan
ngaling ngalingi inyong
deleng sorote lintang
iloken wis ora ana maning wektu
nyawang lintang mesem
kambi jagong uncang uncang

18 Oktober 2008


















MONTANG MANTING

ko ger patuttah deguyu
montang manting
nyetir urip dewekan karo mlayu
kaya tukang akrobat
apa apa neng wong dadi masalah
nengko malah dadi dalan
sing sering deambah

2008

                                    

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.