Sabtu, 08 Oktober 2011

SMK MA”ARIF NU 2 AJIBARANG GALANG DANA MERAPI

Siswa-siswi SMK Ma'arif NU 2 Kesehatan Ajibarang, nembe bae tes pada nganakna kegiatan
Kemasyarkatan sing wujude penggalangan dana kanggo pengungsi Merapi neng batesan
Jogjakarta lan Jawa Tengah.

Siswa-siswi sing depandegani Osis Sekolah sing nembe bae ngadeg taun 2010, ngetuk atine
wong-wong sing neng pasar, neng dalan uga turut umah. Siswa-siswi sing akehe wadon mau
banget semangate ora wedi kesel nganti tekan pasar Wangon lan pasar Cilongok.
Dana degalang nganti olih duwit jumlahe Rp 3.590.000,- neng wektu patang jam pelajaran sing
deolihna sekolah husus kanggo organisasi intra sekolah mider. Dana mau neng pengurus Osis
sing duwe jurusan Analis Kesehatan lan Farmasi jumlahe ana telung kelas, deserahna liwat
salah sijining Bank sing ana neng Ajibarang.

Ibu Novita Endang Fitriani, SKM wektu datakoni kenangapa  deanakna kegiatan galang dana
Merapi neng siswa Sekolah Kesehatan sing siki lagi mbangun unit usaha Laboratorium Klinik
lan Apotik  mau? jawabe, "Tujuane Siswa-siswi nganakna penggalangan dana dekandung
maksud kanggo ngasah rasa keprihatinane siswa uga kanggo nglatih siswa-siswi perek karo
masyarakate, dadi mbesuke ger wis tamat kembul  karo masyarakat ora canggung maning”.
Kaya kuwe keterangane Bu guru sing uga dadi Wakil Kepala sekolah bidang Kesiswaan wektu
 mangsuli patakonan mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.