Rabu, 12 Oktober 2011

KALI KARUK Decritakna maning neng : Imam Burhanuddin

Kuna ana batur/rayat utawa pembantu neng desa karang Dadap sing siki dadi Desa Pancasan, deprentah neng juragane kon ngumbah bangkang. Bangkang-bangkang sedurunge dethuthuki mburine sing lancip nembe degawa maring kali.

Tekan kali -sing urung ana jenenge- si batur anu sebab grasa-gusu lan lemah sing lunyu dumadakan kepleset, bangkang-bangkang sing wis papak mburine kebalang karo cethinge sing akhire wutah maring kali.




Si batur banget wedine mbokan juragane ngerti bangkang-bangkang sing arep kon demasak kuwe wutah. Bangkang-bangkang sing tiba meng kali mau dekeruki, dejimoti. Dekumpulna maning neng cething. Senajan ora pada akehe karo mau sing degawa, sebab akeh bangkang-bangkang sing tiba neng kali ora bias kejukut. Ning seora-orane kepenginane juragan si batur bisa kelakon.

Nalika batur mau sing ngeruki bangkang neng kali sing urung ana jenenge, ana wong tua liwat, weruh lan gatekna rayat mau lagi ngumpulna bangkang sing wutah karo ngeruki lemah neng dasar kali.
Wong tua mau ndeleng kahanan sing kaya kuwe lan kali sing urung ana jenenge dumadakan ngarani kali mau kelawan jeneng Kali Karuk. Kali sing dekeruk.

Tekan siki sapa bae bisa mbuktikna bangkang-bangkang Kali Karuk bentuke beda karo bangkang-bangkang kali liyane. Bangkang-bangkang sing neng Kali Karuk mesti prutung mburine kaya anu bangkang-bangkang bekas dethuthuki burine sing lancip.

Kali Karuk uga tekan siki kudu sering dekeruki, sebab ger ora cepet kebek neng watu lan kreweng.

Doc.arul/vi/2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.