Jumat, 13 Desember 2013

Nguatna Aqidah Aswaja Guru Lan Karyawan LP Ma'arif NU Sekudekan Ajibarang


Banyu bening (14/12/2013) : Pengajian Maulid Nabi Muhammad SAW sing deanakna neng pengurus MWC Maarif NU Ajibarang (23/1/2013) ora denyana arep detekani wong sepirang-pirang khususe sekang guru lan karyawan sekolah/madrasah sing degulawentah neng Maarif NU Ajibarang.

Pengajian  detekani kurang lewih kang telungatus  guru karyawan sekang MI tekan SMA/SMK Maarif sekudekan Ajibarang uga ngundang kyai fatkhurrohman ketua PC Anshor NU Kabupaten Banyumas sing dikon ngisi uraian hikmah maulid.

Pengajian sing neng pengurus MWC Maarif NU Ajibarang dadekna wahana silaturrohim uga nguatna akidah aswaja. Sebab derasa-rasa neng sebagian wong NU Ajibarang utawa kaum Nahdliyin adoh karo sing demaksud, niatane deadegna sekolah sekolah Maarif. Sing ora liya kanggo ngader bocah-bocah NU men supaya ora ucul kultur aswajane. Mujudna kepenginan sing mulya mau ra gampang sebab guru-guru uga karyawane ora kabeh sekang mburitane duwe   tradisi ke-NU-an sing nyokot.  Ora setitik  sing ora perduli karo tujuan utama sing mulya neng duwur mau sebab akeh-akehe niate ngode gulawentah bocah lan ben wulan olih jatah. Ora peduli bocah rep duwe akidah NU apa ora, babar blas ora depentingna.

Stigma sing ana mau dadi pas. Utawa tumbu ketemu tutup arikalane Kyai Fatkhurrohman crita akeh babagan NU lan sejarahe. Karo nyritakna sebab-sebab tokoh-tokoh pendiri NU ngugemi akidah aswaja. Sing ger derunut pas karo sing dekepenginna njeng Nabi Muhammad SAW yaiku nalika ngridoni Shahabat Abu Musa al Asy'ari uga negeri Syam lan Yaman desuwunna  men dewei keberkahan saking Allah SWT.  Abu Musa al Asy'ari salah sijine Shahabat Nabi sing ngrumusna akidah Aswaja,  akidahe wong-wong NU sing decekel kenceng tekan seprene. (Aabah-arul.blogspot.com)


Sent from Catch Notes for Android
https://catch.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.