Jumat, 07 Februari 2014

Inyong Bocah ABK

Imam Burhanuddin

Inyong Bocah ABK

Angger bae nyong teyeng ngetung
mesti tek etung tetes cut setetes
Banyu udan sing drojos kang langit
Pirang pirang jam nyong batiri udan
Sekang jendela
Tangan tek dawa dawakna
Nyaweli udan pengin kenalan
Dumdum crita
Dunya ramai tur brisik
Ning dina dina
Gawene nengumah dewekan
Inyong dadi jimat
Bocah siji sing kudu derumat
Neng bapa tunggal
Liane nyingkir
Padahal udu wong kentir
Kur kurang pikir

Ajibarang, 20/11/13


 Imam Burhanuddin
 Ko Lintang - kanggo SA

Ko udu gunung
Utawa lembah
Dedeleng kang kadoan katon endah
Adoha kiloan meter
Bisa keambah
Ning ko lintang
Gemantung neng awang awang
Kadang katon
Kadang ketutup awan
Ora bakal keranggeh
Apamaning depeksa jagong bareng
(nerusna perjuangan hawa lan adam)
Neng plaminan

 Ajibarang, 19/11/13

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.