Selasa, 29 Januari 2013

Penguatan Aswaja Guru Ma'arif

Kyai Fatkhurrohman, Ketua PC GP Anshor NU Banyumas
Penguatan Aswaja Guru Karyawan LP Ma'arif NU Sekudekan Ajibarang

Pengajian Maulid Nabi Muhammad SAW sing deanakna neng pengurus MWC Maarif NU Ajibarang (23/1/2013) ora denyana arep detekani wong sepirang-pirang khususe sekang guru lan karyawan sekolah/madrasah sing degulawentah neng Maarif NU Ajibarang.
Pengajian detekani kurang lewih kang telungatus guru karyawan sekang MI tekan SMA/SMK Maarif sekudekan Ajibarang uga ngundang kyai fatkhurrohman ketua PC GP Anshor NU Banyumas sing kon ngisi uraian hikmah maulid.

Pengurus Maulid sing neng Slamet Ibnu Anshori, Ketua Pengurus MWC Maarif NU Ajibarang dedadekna wahana nguatna akidah aswaja. Sebab derasa-rasa neng sebagian wong NU Ajibarang adoh karo sing demaksud deadegna sekolah sekolah Maarif. Sing oraa liya kanggo ngader bocah-bocah NU men supaya ora ucul kultur aswajane. Mujudna kepenginan sing mulya mau ra gampang sebab guru-guru uga karyawane ora kabeh sekang mburitane duwe tradisi ke-NU-an sing nyokot. Ora setitik sing ora perduli karo tujuan utama sing mulya neng duwur mau sebab akeh-akehe niate ngode gulawentah bocah.  Ora peduli bocah rep duwe akidah NU apa ora, babar blas ora depentingna.

Stigma sing ana mau dadi pas. Utawa tumbu letemu tutup arikalane Kyai Fatkhurrohman crita akeh babagan NU lan sejarahe. Karo nyritakna sebab-sebab tokoh-tokoh pendiri NU ngugemi akidah aswaja. Sing ger derunut pas karo sing dekepenginna njeng Nabi Muhammad SAW yaiku nalika ngridoni Shahabat Abu Musa al Asy'ari uga negeri Syam lan Yaman desuwunna meng gusti Alloh men dewei keberkahan. Abu Musa al Asy'ari salah sijine Shahabat Nabi sing ngrumusna akidah Aswaja, akidahe wong-wong NU sing decekel tekan seprene.


Sent from Catch Notes for Android
https://catch.comCiutkan pos ini

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.